ANA CRITA
Aneng ngisor gegana dadu
Para suta lair dhukita
Kenapa?
Ana jurit!
Janma tansah padudon
Ora perduli sanak, ora perduli kadang
Wong gedhe tansah gumedhe
Sing dipikir ya mung kursi jabatane
Kiblat solahe adigang adigung
Nanging wong cilik?
Ya mung bisa nyapu dalan pasar
Mbok menawa ana beras sing isa didang
Sing dipikir sesuk mangan apa
Ora adoh-adoh saka urusan weteng lan weteng
Saiki,
Wong pinter pada umuk
Wong bodho banjur malah keminter
Ora duwe tata, ora duwe ati
Iku kabeh dadi penggalihe wong tuwa
Urip ora bisa mung kaya methik puspa
Tapi polah tingkahe njangkar
Mula akeh banget bangke sak enggon-enggon
Arume ganda
Tapi kita bisa apa?
Pandawa...
Kita kudu tetep duwe sipat para satriya
Kaya Yudistira, sing jujur ora bakal ajur
Ya kaya Bima, tetep ngabekti karo kakange, ampuha kaya ngapa
Kaya Arjuna, ora tau umuk, mboka ya baguse ngedab-edabi
Nakula, dadi manungsa sing wicaksana
Sadewa, pinter lan sabar
Kita tetep kudu eling lan waspada,
“Sekar Gambuh pring catur,
kang cinatur,
polah kang kalantur
tanpa tutur,
katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon”
Rr. Mahayu Kusuma Dewi
221010 16:40
Para suta lair dhukita
Kenapa?
Ana jurit!
Janma tansah padudon
Ora perduli sanak, ora perduli kadang
Wong gedhe tansah gumedhe
Sing dipikir ya mung kursi jabatane
Kiblat solahe adigang adigung
Nanging wong cilik?
Ya mung bisa nyapu dalan pasar
Mbok menawa ana beras sing isa didang
Sing dipikir sesuk mangan apa
Ora adoh-adoh saka urusan weteng lan weteng
Saiki,
Wong pinter pada umuk
Wong bodho banjur malah keminter
Ora duwe tata, ora duwe ati
Iku kabeh dadi penggalihe wong tuwa
Urip ora bisa mung kaya methik puspa
Tapi polah tingkahe njangkar
Mula akeh banget bangke sak enggon-enggon
Arume ganda
Tapi kita bisa apa?
Pandawa...
Kita kudu tetep duwe sipat para satriya
Kaya Yudistira, sing jujur ora bakal ajur
Ya kaya Bima, tetep ngabekti karo kakange, ampuha kaya ngapa
Kaya Arjuna, ora tau umuk, mboka ya baguse ngedab-edabi
Nakula, dadi manungsa sing wicaksana
Sadewa, pinter lan sabar
Kita tetep kudu eling lan waspada,
“Sekar Gambuh pring catur,
kang cinatur,
polah kang kalantur
tanpa tutur,
katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon”
Rr. Mahayu Kusuma Dewi
221010 16:40
Hi..
ReplyDeleteBoleh tau gak, artinya apa?